Rabu, 10 Desember 2014

Pesan pesan abah Romo yai zainul anam/pengasuh pesantren Al balagh

Pesan pesan abah Romo yai zainul anam/pengasuh pesantren Al balagh
  • Ayo berjuang bareng aku menowo aku sehat  .
  • Seng ihlas berjuang  ojo krono  dunyo, pengaruh, lan pujian.
  • Ladenono masyarakat ojo sampek ditinggal.
  • Ojo  sambat  loro utowo pegel  lek wayah ngulang ngaji senajan teko lelungan
  • Senajan loro ojo diketokno lan diumbar loromu terus nglalekno ngulang ngaji santri.
  • Tunggonono/ojo di tinggal mire santrimu wayah ro’an lek pengen barokah
  • Tunggunono ojo ditinggal mire santrimu wayah bar jamaah maghrib tumeko isa’
  • Golek ono santrimu lek gak melok ngaji, dzikir, jamaah, sak ketemune.
  • Ojo sampek tego santri klalaran, gak jamaah gak ngaji, gak dzikir.
  • Santri iku dadi barokahe uripmu, ojo pisan pisan ditinggal.
  • Lek  pidato ojo deleng  kepinteranmu lan keberhasilanmu  ngomongmu wasien gusti Alloh.
  • Lek pidato seng tenang ojo kesusu lan pelajarono sak durunge, supoyo gak kebereset.
  • Kewibawaanmu kehormatanmu neng masyrakat tergantung keihklasanmu,
  • Ojo sampek mutus  sanak lan koncone wong tuamu.
  • Sak durunge ngaji ulangen qur, an minongko kanggo istiqomahmu
  • Sholawat /dalail kudu diimbangi karo qur’an,
  • Ojo gampang  pingin dipanggil kiyai ojo saenggon seneng manggil kiyai marang wong kang durung kiyai temenan.
  • Ramuten santri senajan saithik iku barokahi.
  • Lunggohen karo wong wong gede .
  • wong iku gak diarani guru sing duweni kasih sayang,  lek ora kelangan santri, muride gole’ono sa’ketemune,
  • guru sing gak duwe kasih sayang karo santri murid  guru gak temen gak bakalan barokah uripe
  • lek olehmu ngulang krono golek dunyo bakal oleh nek gak breset nek golekmu akherat dunyo lan akherat.
  •  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar